Hikmah dari Gerhana Matahari, Isi Khutbah Shalat Kusuf di Masjid Al Mubarokah

Hikmah yang bisa diambil dari Gerhana Matahari Total
Gerhana matahari total, image by cnn.com

Gerhana matahari merupakan peristiwa yang sangat jarang terjadi. Dan kali ini di Indonesia mengalami gerhana matahari pada tanggal 9 Maret 2016, yang dulu pernah terjadi pada tahun 1983. Bersamaan dengan gerhana matahari ini jamaah yang merupakan warga Kampung Sakaran mengadakan sholat gerhana matahari (sholat kusuf) di Masjid Al-Mubarokah, dihadiri oleh hampir semua jamaah hingga masjid tak mampu menampung seluruh jamaah dan harus sebagia berada di luar. Selaku Imam dan Khatib dalam pelaksanaan shalat gerhana tersebut adalah Bpk. Suratno . Berikut di antara isi khutbah yang disampaikan menggunakan bahasa Jawa oleh Khatib:

"Enjang punika, nembe mawon kita sareng-sareng nindakake sholat kusuf yaiku solat gerhana matahari, mertandani ketaatan lan pasrahing kawulo marang Gusti Allah pangeranipun ngadepi kahanan-kahanan lan prastawa-prastawa alam kang luar biasa. Wondene dhawuhipun Rasulullah.

إِنَّ الشَّمْسَ وَالْقَمَرَ لاَ يَنْكَسِفَانِ بِمَوْتِ أَحَدٍ مِ النَّاسِ وَلَكِنَّهُمَا اَيَاتِ اللّٰهِ فَإِذَا رَأَيْتُمُوهُمَا فََقُوْمُوا فَصَلُّوا
'Satemene grahono srengenge lan rembulan iku kedaden ora amargo matine sawijining manungso, ananging dadi tondho seko tondho tondho kekuasaane Alloh, menowo siro kabeh menangi utowo nemoni mengko podho lakokono shalat'(HR. Bukhori)

Rikala jaman kanjeng nabi punika wonten gerhana ngepasi sedanipun putranipun Nabi Muhammad SAW ingkang asmanipun Ibrahim, lajeng nabi paring katrangan lan paring dhawuh supados sami sareng-sareng nindakake sholat gerhana kanthi hadits.

إِنَّ الشَّمْسَ وَالْقَمَرَ لاَ يَخْسِفَانِ لِمَوْتِ أَحَدٍ وَلَا لِحَياتِهِ فَإِذَا رَأَيْتُمْ ذَالِكَ فَادْعُوا اللّٰهَ وَكَبِرُوا وَتَصَدَّ قُوا
'Satemene grahono srengenge lan rembulan ora kedaden karono mati utowo uripe sawijine wong, menowo siro nemoni prastowo mangkono mongko podho ndongo o  marang Alloh, podho takbiro, lan podho sodaqoho.' (HR. Bukhori dan Muslim)

Sampun terang lan cetho katrangan saking hadits-hadits nabi bilih gerhana punika prastowo ingkang kadadean ora amarga patine utawa uripe sawijining manungsa uga ora amarga dicaplok buto ijo, ananging prastowo alam kang menawa miturut pretangan bilih lampahing mbulan lan srengenge ngalami sejajar sehingga bulan nutup sumunaring srengenge ing wanci awan.

Wondene ingkang dipun dawuhaken:

  • فَادْعُوا اللّٰهَ : Sami ndedongo dhumateng Alloh
  • وَكَبِرُوا : Sami takbir ngagungaken Alloh
  • وَتَصَدَّ قُوا : Sami shodaqoh
  • فَصَلُّوا : Sami sholat gerhana
Hikmah ingkang saged kapundhut saking prastowo gerhana srengenge yaiku :
  1. Ngemutaken nikmat peparing Allah SWT arupi sumanaripun srengenge kang mumpangati kangge panggesangan, tumrap manungsa, wit-witan, lan kangge kaseimbangan alam inggih menika njagi hawa panas lan adem lan mboten beku dados es.
  2. Nedahaken bilih srengenge saged dipun sirnakan menawi Allah ngersakaken.
  3. Supados kita manembah dumateng Allah ingkang nyipto srengenge lan alam.
  4. Kanthi prastowo punika supados kita sansaya nyedak lan dedhepe dumateng Allah SWT kanthi solat, dzikir, takbir, lan liyane.
  5. Kanthi nyedaki lan tobat dumateng AllaH SWT kita ngrumangsani ngalami kahanan-kahanan ingkang luar biasa mboten kanyana lan tebih saking kuasa ning manungsa.
  6. Angkat salira kanthi prastowo punika kita intropeksi, mawas diri, nggetani desa-desa lan ngathahaken nyuwun pangapunten dumateng Allah utawi kasebat muhasabah utawi angulat salira. 
  7. Kanthi prastowo punika monggo sami ndedonga supados kita, keluwarga, kampung kita kalis ing sambikala, uwal saka ing rubeda, tinebihing bencana, bendu, lan brahala."

Profil Khotip
Nama : Bpk. Suratno (lulusan Almadinah International University) www.mediu.edu.my
E-mail : Suratno @Lms.mediu.edu.my 
Fb : Suratno Ibn Hamam
Twitter : @Suratnobinhamam

Catetan, Ingkang sami jamaah sholat gerhana srengenge ing enjang punika dados wakil-wakil kampung, pahlawan-pahlawan kampung, anggenipun nguri-uri ajaran nabi lan ugi wakil-wakil kampung menawi kampung ngalami prastowo alam ingkang mboten biasa kedadosan.